Hingga kini, masih ada orang yang suka menulis puisi atau hanya sekadar membacanya. Puisi dapat ditulis dengan berbagai macam bahasa, salah satunya bahasa jawa. Nah, puisi bahasa jawa lebih sering dikenal dengan sebutan geguritan.
Sudah jelas ya, dari namanya, puisi bahasa jawa merupakan sebuah karya sastra puisi yang ditulis dengan menggunakan bahasa jawa. Puisi bahasa jawa juga bisa dinyanyikan dengan tembang yang merdu lho!
Nah, penasaran seperti apa contoh puisi bahasa jawa? Yuk, simak dulu contoh puisi bahasa jawa!
Tentang Sahabat
Buat kalian yang mau kasih puisi untuk sahabat kalian, kalian bisa kok kasih puisi bahasa jawa. Di bawah ini merupakan contoh puisi bahasa jawa tentang persahabatan beserta artinya.
“Kanggo Kanca”
Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis
Biyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki….
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh,bayangna
Apa sajatining kahanan sajroning dunya
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku iki
Jaganen rasaning welas asih iki
“SAHABAT”
SAHABAT kuwi…..
sanuli teka jero kuripan awake dhewe
becik kuwi seneng utawa rudatin
ora butuh celathu dheweke mesti krungu
kabeh cerito arep tercampur karo bumbu kisahnya
Menegur kala awake dhewe salah njupuk jangkah
Menyokong kala awake dhewe ngalungguhan siji keputusan
tanggung jawab walau ora melu marakake
Meniupkan hawa ketentraman kala awake dhewe terbalut jero emosi
Jadi, intinya puisi di atas bercerita tentang sahabat yang selalu ada baik saat susah maupun senang dan akan terus ada di samping kita apapun keadaan kita. Sahabat sejati memang ia yang selalu menemani kita dari dulu hingga sekarang apapun keadaan kita.
Baca juga: 48 Puisi Cinta Paling Romantis Menyentuh Hati, Bikin Baper
Romantis Tentang Cinta
Nah, buat kalian yang ingin mengutarakan cinta kepada pasangan, kalian juga bisa pakai puisi bahasa jawa tentang cinta yang romantis. Ada beberapa contohnya di bawah ini:
“Tresnaku-Tresnamu”
Rikala kori dakbukak byak
Kaya sinamber gelap lepat
Iki tenan apa ngimpi ?
Sliramu jumeneng nyunggi katresnan
Panggah ora owah
Dinodhog rasa jroning dhadha
Meh wae aku kantaka.
Angenku daklarak ing pangumbaran
Telungpuluh loro warsa kepungkur
Kangmas,
Rasa tentrem rinengkuh ing astamu
Edhum nyawang sorot netramu
Aku katrem, aku kasmaran
Engga wektu jumangkah mlaku
Tresnaku-tresnamu dadi rangu
Kelindhes wektu
Daktantang daktanting ora maelu
Sansaya adoh lumayu
Tangeh anggonku bakal ngluru
Kangmas,
Tresnaku tresnamu ginubel wektu
Lawase padha paprentahan Orde Baru
Wis kukut, wis kemput …
Nadyan nora bisa nyawiji
Nanging tresna aji lan suci, tresna sejati
Bakal dakrukti nganti tumekeng janji.
“Sing Ilang Ben Ilang”
Saupamane ngerti isine atiku…
Ra bakalan kowe ngilang
Kaya pedhut kang kasaput srengenge
Kaya bun netes siya-siya ing lemah garing
Nambah eluhku nelesi pipiku…
Kabeh wus ora kena digetuni,
Sebab jodho rejeki lan pati…
Wis digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa
Sing ilang ben ilang…
Ra bakal dak gayuh maneh
Cukup sakmene kanggo riwayat
Kanggo sasine lelakon urip,
kowe lan aku kudu nrima legawa
“Aku Duwekmu Wengi Iki”
Lumakuku kaya ngawang
Ngawang-ngawang nggayuh lintang
Mecaki dalan kasusahan
Apa Sejatine?
Kang ngganjel ing njero manahmu?
Tegese luh kang tumetes ing pipimu
Nglebur nyawiji ing swasana
Kang sejatine durung bisa gawe aku lan sliramu
Mesem bebarengan
Crita marang aku
Senajan ora mesthi bisa mungkasi
Lilakna aku andum donyamu
Kang kebak dening kaendahan
Sing durung kasunyatan
Aku duwekmu wengi iki
Iki ragaku
Iki sukmaku
Aku lila disiksa
Nganti ora ana sisa
“Tandha Katresnan ku”
Wiwit kok tulisake tresna iku
Manuk-manuk kepodang padha geguyonan
Ing pang-pang godhonge waru
Ijo enom lelagone langit biru
Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar
Martakake dhina bakal ora kamendungan
Wiwit kok kandhak’ake tresna iku
Liwat kali dhak kintirake prau godhong pring
Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu
Apepayon langit ing pucuking alun
Banjur dak tunggu tekane nggawa warta
Wiwit kok kidhungake tresna iku
Apa aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segara
Njupuk kembang srengenge kang mlethek
Banjur dak slempitake ing kupingmu
Kareben nambahi brantaning ati
Sanjerone ati iki, Yayi
Ana panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteni
Liwat getering angin kang sumilir
Sadawaning laku lan sepi tak ceritakake
Yen ta… samengko bakal nyawiji
Lihat juga: 21 Puisi Sahabat Tunjukkan Seperti Apa Sahabat Sejatimu
Tentang Keindahan Alam
Gak hanya ke manusia, buat kalian yang suka alam dan ingin menyampaikan apresiasi kalian kepada indahnya alam ini, kalian juga bisa pake puisi bahasa jawa tentang keindahan alam. Ini ada beberapa contohnya:
“Apike Alam”
Ati sing lara dadi waras
Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa
Matur syukur marang Gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan saisine
Kita kudu ngrawat alam iki
Marang dunya kang luwih apik
“Lintang Panjer Rahina”
Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa
“Endahe Alam”
Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane
Tentang Pendidikan
Kalo kalian mencari geguritan tentang pendidikan, kalian bisa lihat juga di sini. Hanya saja, kalo kita bicara soal pendidikan, cakupannya akan luas. Inilah beberapa contoh yang berbeda-beda dan artinya.
“Guruku Oborku”
Kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagat peteng lelimengan.
Krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep.
Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahyamu
Pedhut ing sakindering pandulu
Panjenengan.
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Di atas merupakan puisi bahasa jawa dengan tema guru. Sudah jelas yah, dari judulnya bahwa puisi di atas merupakan bentuk apresiasi terhadap guru yang dianggapnya sebagai obor untuk menerangi jalan kita.
“Sekolahku”
Sekolahku…
Rupamu saiki udu sekolah maneh
Nanging awakmu saiki rupo panggonan kang rusuh
Kelas, pekarangan, podo karo kandang gajah
Sekolahku…
Keadaanmu kaet biyen nora berubah-berubah
Sampah-sampah seng kleleran tetep nora biso di brantas
Kapan keadaanmu iso berubah…nasib…nasib
Sakniki sapa shing biso disalahake…??
Tukang nyapu-nyapu wus di kerja profesional banget
Clotehane guru wus kebak banget ditokno
Lek ngono muride shing salah, norabiso taat marang peraturan
Jadwal mpun digawekno lan ditempel ing kelas
Kanggo murid supaya ngelasanakno tugas pikete
Nora kanggo pajangan para cecek shing mrambat ndek tembok
Amaergo niku laksanano tugase dewe-dewe
Arepan sekolah arepanku pisan
Resek enak dinggo belajar…
Murid-murid akeh sihing berprestasi…
Kabeh iku arep-arepane sekolah
Resek sekolahku
Enak sinauku
Konsen belajarku
Podo moro prestasine
Kalo puisi di atas, dari judulnya pun juga sudah jelas, yaitu tentang sekolah. Sebenci apapun kalian dengan sekolah, kalian pasti akan merindukannya setelah lulus nanti. Hayo, siapa yang gak ngaku?
Baca juga: 20 Mahakarya Puisi WS Rendra (Fenomenal dan Penuh Makna)
Tentang Perpisahan
Kalo kalian berpikir untuk membacakan puisi bahasa jawa pada saat momen perpisahan, kalian juga bisa kok. Sudah ada banyak puisi bahasa jawa tentang perpisahan. Nah, kalian bisa lihat contohnya di bawah ini:
Isih eling to!
Nalika wiwit njangkah ing regol iku?
Ageman MOS talumpen ketemu sakloron
Dumadakan,
Sakloron ninggalke karo ageman anyar
Karo supena enggal tinemu
Ing wisma ngelmu wigati iki
Ayo nggulawentah ngangsu kawruh
Kang kasirat ing lathi yang Guru
Kasiget ing wacan buku
Kawisman gati
Saloka angraos deduka
Angraos serik ing manah
Ajeg graitaning muwun
Ora trepsila ambebungah ing suka
Elinga para mitra
Lumantaring supenan anggayuh sami
Petandha pungkasaning pembuka
Pamungkasing darba lekasing jagad anyar
Puisi di atas menceritakan tentang kilas balik selama masa sekolah dengan teman-teman sebelum lulus. Nah, buat kalian yang mau mengadakan acara perpisahan, puisi ini bisa dibacakan juga lho di depan teman-teman kalian!
Tentang Alam
Selain lewat lagu, kalian juga bisa mengapresiasikan atau mendeskripsikan alam lewat puisi bahasa jawa. Nah, penasaran contohnya kaya apa? Lihat di bawah ini puisi tentang lingkungan hidup dan alam:
“Merapi”
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
Puisi di atas adalah puisi tentang Gunung Merapi untuk memuji keindahan dan kegagahannya. Sudah jelas kan, dari judulnya?
“Sendhang Tirta Panggesangan”
Kinclong, klimpah-klimpah, kumricik ilining toya
Pating sliri tawes, wader pari dalasan anggang-anggang
Sedaya memuji mring Hyang Widhi
Tanpa sih Paduka Gusti
Dados punapa awak mami?
Widodari kayangan sami lelumban
Tumurun madyaning sendhang
Jamas, reresik tan emut ing wanci
Kamanungsan si Tarub
Segering tirta sendhang dadya panjanging yuswa
Saiba bombong kula nyumurupi
Sesami titahing Gusti anjagi lestari
Punapa boten rumaos
Punapa sampun wuta tyasira
Kutu-kutu walang ataga sami sun cawisi
Kantho lelahanan tanpa nyulihi
Ngantos telas tan nyisa kula legawa
Nanging geneya?
Kori kula kasumpet aspal
Beton, ngantos nduwa margi kula
Kados pundi punika Gusti?
Nyingkur kawula, Gusti …
Sok sintena ingkang mireng pisambat kawula
Keparenga paring marga
Satemah boten namung kabuncang muspra
Kepara damel kasangsaran dhumateng manungsa
Kula kapang dados sendhang tirta panggesangan
Lihat juga: 24 Mahakarya Puisi Singkat Sarat Makna (Sederhana dan Indah)
Jadi, itulah kumpulan puisi bahasa jawa atau biasa juga disebut geguritan. Ada puisi tentang sahabat, tentang pendidikan, tentang lingkungan hidup, tentang perpisahan, dan juga tema guru. Kalo kalian mau lebih banyak contoh, kalian bisa cari di internet ya!
Leave a Reply